Sabtu, 17 Desember 2011

Bedah Serat


Semar Maneges
Ronggo Winter
Bedah Serat Sabda jati Karya R.Ng.Ronggowarsito
Rabu 13 Oktober 2010 dari 19.00 – Selesai WIB
Diruang Sminar Gedung III Fakultas Sastra dan Seni Rupa
Universitas Sebelas Maret

Semar maneges tegesipun “ Sebelas Maret  Macapatan Eling Gesang Sejati “. Semar Maneges badhe dipunkepyakaken utawi badhe dipunwontenaken  tanggal 11 saben wulanipun. Wonten tetembungan“ Gesang Sejati “ ing tetembungan Semar Maneges, tegesipun tembung Gesang Sejati iku sami  utawi podo kebo.
Ing acara Semar Maneges diomongaken kita mesti mangertos hakikat gesang sakbenere acara Semar Maneges ing dilaksanake ing tanggal 13 oktber 2010 kolo winggi gunakaken lambang tokoh pewayangan ing sampun mboten asing meleh kangge kita sedaya. Tokoh wayang niku yaiku Semar. Amargi Tokoh Pewayangan niki gadah katah filsafat lan gadah budi pekerti sing sae lan watak kang sae, mulane digunakake kagem lambang acara  Semar Maneges.
Semar Maneges dijupuk saking cerita kepahlawanan saking India yaiku cerita Mahabaratha. Cerita  Mahabaratha nyeritakaken sifat seng religious sesuai kalian konsep kehidupan sewayah wayah. Acara Semar Maneges diadakan kalian Ronggo Winter.Ronggo Winter yaiku sak  kumpulan sing seneng macapatan, rumiyen Ronggo Winter terdiri saka lima uwong bae.
            Semar Maneges nangekake kulo lan panjenengan  saka turu lan nglalekake kabehe. Semar Maneges minangka pundi-pundi kagem kulo lan panjenengan amargi saben wulanipun dipunwontenaken Semar Maneges  sehingga badhe digali pundi-pundi. Pundi-pundi iku sanes emas utawi harta. Ingkang dimaksud pundi-pundi iku tegese ilmu.
Ana wonten setunggal pitakonan ingkang unine “Menopo korupsi saget dindekne?” jawabane yaiku “Saget”, kulo lan panjenengan kagungan cara ingkang  luar biasa kangge biso menghentikan korupsi. Yaiku ajaran ingkang luhur.
Disebutkaken  minangka basa jawi sampun boten kontatibel. Basa jawi disebutkaken koyo iku amargi basa jawi sampun dilalekne lan boten digunakake terus-terusan dados basa jawi ditinggalke utawi basa jawi dadi mundur. Tokoh terkenal saking Solo nyebutkaken, “kulo sampun boten peduli meleh basa jawi badhe dipunuri-uri utawi punah”. Sanget dirugeke amargi tokoh terkenal sampun boten purun meleh nguri-uri utawi budidayakaken meleh basa jawi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar