Senin, 19 Desember 2011

Mitoni

MITONI iku upacara adat sing diselenggarakake wektu calon ibu meteng pitung sasi. Upacara adat iku mau supaya calon bayi lan ibune selamet. Utawa kanggo tolak bala. Ana sing nyebut upacara mitoni iki Tingkeban. 

Jabang bayi sing umure wis pitung sasi kuwi wis duwe raga sing sempurna. Miturut wong Jowo, proses penciptaan menungsa iku wis dadi sempurna ning sasi kapitu. Utawa kasebut Sapta Kawasa Jati.  

Urut - urutaning mitoni yaiku siraman (diselenggarakake kanggo mitoni anak ingkang nomer setunggal).

Nglebokake endhog pitik kampung neng  jero kain calon ibu dening bapak, salin rasukan

brojolan, memutus lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan sing terakhir kendhuren.

Miturut adat Jowo, upacara mitoni diselenggarakake ning dino sing bener - bener apik. Yaiku senen awan nganti bengi, utawa jemuah awan nganti bengi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar